Jujur, Jajar lan Jejer Manembah Gusti Ilahi

Duk Djaman Semono, Kandjeng Edjang Boeyoet Ing Klero nate paring wewarah,".. Djoedjoer Lahir Bathin Berboedi Bowo Leksono Adedhasar Loehoering Agomo, Djedjer Welas Asih Sasamoning Titah Adedhasar Jiwo Kaoetaman Lan Roso Kamanoengsan, Lan Djadjar Manoenggal Wajibing Patrap Bebrayan Agoeng Adedhasar Endahing Tepo Salira Manembah Ngarsaning Goesti Allah Ingkang Moho Toenggal, Ngrenggo Tjiptaning Koesoema Djati Rila Adedharma Mrih Loehoering Bongso, Agomo, Boedoyo, Lan Sasamining Titahing Gesang Ing Ngalam Donya, Ikoe Lakoening Moekmin Sadjati.." [Wewaler KRT. Hasan Midaryo,1999]

Senin, 22 Maret 2010

BEBUKA KANTHI SYAHADAT


ASYHADU AN LAA ILLAAHA ILLALLAAH
WA ASYHADU ANNA MUHAMMADAR RASULULLAH

Ingsun anyekseni
menawa ora ana gusti sesembahan kajaba Gusti Allah
Lan ingsun anyekseni
menawa Kanjeng Pangeran Muhammad iku Utusaning Gusti Allah

Assalamu 'Alaikum warahmatullah Wabarakatuh
Sugeng Rawuh.. Para Sederek Kinasih?


بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ

BISMILLAHIR RAHMAANIR RAHIIM

Kanthi Anyebut asmanipun Gusti Allah
Ingkang Maha Welas Lan Maha Asih

Alhamdulillahi Robbul Quddus. Sedaya puja lan puji lamun kahaturaken dumatheng Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal, Dzat Suci Panciptaning Jagat Sameesta Raya lan saisinipun kanthi kanugrahaning Nur Muhammad, Sangkan paraning dumadhi. Mugi Gusti Allah Ingkang Maha Agung tansah paring kekiyatan iman lan takwa kita dumatheng Gusti Allah Ingka Maha Kuwasa, ugi paring karahayoning gesang kita, ugi paring Pangampunan amaliyah lahir bathin diri kita-kekalih tiyang sepuh kita, sanak kadhang, kaluwarga, para leluhur, para pepundhen, anak keturunan kita ugi para ummat Islam sedaya ing Buminipun Gusti Allah ngkang Maha Welas Asih punika, ugi paring kanugrahan derajat agung husnul khatimah dumatheng akhir gesang kita sedaya, pejah gesang istiqomah nderek Gusti Allahu Azza Wa Jalla, Allahumma amiin, Insya Allah.

Sedaya salam takzhim ugi sholawat kahaturaken dumatheng Pepundhen kita, Kanjeng Pangeran Rasulullah Sayyidina Maulana Musthafa Nabi Muhammad Shallallahu 'alaihi wasalam ingkang sampun paring margining Iman Sejati, Islam Sejati kanthi Akhlaq Al Qur'an Al Karim Kitabullah, Adab Luhur Muslim ingkang dadhos sajadah ngibadah lahir bathos kita para pandherekipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'alaihi wasalam ing gelaring ibadah kahuripan gesang kita sami punika. Pejah gesang satya tuhu nderek Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallalahu 'alaihi wasalam, Allahumma sholli 'allan nabiyuna wa habbibina Sayyidina wa Maulana Musthafa Muhammad.. Shallallahu 'alaihi wasalam. Islam dumugi yaumil syakaratul maut..! Mugi kita sedaya kaparing derajat agung saking Gusti Allahu Robbi dadhos Mukmin Sejati.

Alhamdulillah wa syukurillah, nderek nyuwun tetepangan wonten ing Paseban Blog "Trah KRT. Hasan Midaryo Ing Kalasan", kanthi alamat = http://trahpanembahanwongsopati.blogspot.com punika? Bilih-bilih ing pangajab badhe mersudi nguri-uri riwayat manakib gesangipun para pepundhen utawi sejarah para leluhur ingkang dadhos tetungguling Trah Panembahan Ing Klero. Ing kasunyatanipun mbok bilih mboten gampil anggenipun nglempakaken cariyos sejarah, mugi-mugi kanthi Paseban Blog punika saged dadhos sarana nunggilaken malih kekadhanan nunggal Trah keturunan Kanjeng Eyang Kyai Ageng Wongso Pati Panembahan ing Klero [sedha ing warsa 1680] dumugi para leluhuripun ugi dumugi para trah darah keturunanipun?

Nyuwun pangapunten sanget menawi wonten gelaran warta, risalah, riwayat, manakib, wewaler, wejangan, waris pusaka, menapa kemawon ingkang dereng sampurna anggenipun kabadhar ing Paseban Blog punika. Menawi para sederek Kinasih gadah informasi, data, dokumentasi, utawi cariyos sejarah para leluhur Lembah Wukir Sewu, utawi Pepundhen Bumi Klero ing Prambanan, Sleman, Ngayogyakarto Hadiningrat? Dalem nyuwun kanthi suka rilaning bathos kapurih kersa ambiyantu paring kalengkapan wacana ing Paseban Blog punika, matur nuwun.

Sanes agunging derajat para leluhur utawi kamulyaning derajat para pepundhen ingkang dipun pundhi-pundhi, ananging gregah semangat perjuangan gesangipun kaliyan endahing patrab laku ngibadahing abdi manekung kaimanan para Leluhur lan Pepundhen mujudaken kasatyan ugi katrisnanipun dumatheng Ngarsanipun Gusti Allah, Kitabullah, Kanjeng Rasulullah njagi Paku tauhid ing gelaran gesang dumugi mangkatipun. Para Syuhada bangsa ingkang suka rila anglawan Kumpeni Walanda, para Mujahidillah ingka bela pati anjaga agama Islam ing bumi pertiwi, ugi Para Shalihin ingkang dadhos pepadhanging kahuripan bebrayan mrih sesami. Sifat utama para satriatama ingkang ngupadhi derajat luhur manungsatama anggayuh jatining urip anengguh urip ingkang sejati, injih ngelmi adab Mukmin Sejati ingkang kawarisaken dening para Waliyullah ing majlis Wali Songo ing zaman akhir Majapahit dumugi zaman Kasulthanan Demak Bintoro [ing antawisipun warsa 1500 dumugi 1600 Masehi].

Amrih prayoginipun, sumangga kita sami-sami maos donga Adab Pambukaning Majlis ingkang nate dipun wedharaken dening Kanjeng Eyang Almarhum KRT. Hasan Midaryo [Mijil ing warsa 1921 - Sedha ing warsa 2004] ing Paseban Ndalem Kalasan, Candi Sari, Sleman, Ngayogyakarto Hadiningrat dumatheng para wayah ugi Sohibul Halaqahipun, ing ngandhap punika :

نَوَيْتُ التَّعَلُّمَ وَالتَّعْلِيْمَ, وَالتَّذَكُّرَ وَالتَّذْكِيْرَ, وَالنَّفْعَ وَاْلاِنْتِفَاعَ, وَاْلاِفَادَةَ وَاْلاِسْتِفَادَةَ, وَالْحِثَّ عَلَى التَّمَسُّكِ بِكِتَابِ اللهِ وَسُنَّةِ رَسُوْلِهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَآلِهِ وَسَلَّمَ, وَالدُّعَاءَ اِلَى الْهُدَى وَالدَّلاَلَةَ عَلَى الْخَيْرِ, وَابْتِغَاءَ وَجْهِ اللهِ وَمَرْضَاتِهِ وَقُرْبِهِ وَثَوَابِهِ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى.


NAWAITUTTA'ALLUMA WATTA'LIIMA, WATTADZAKKURA WATTADZKIIRA, WANNAF'A WAL-INTIFAA'A, WAL-IFAADATA WAL ISTIFAADATA, WAL HITS-TSA 'ALATTAMASSUKI BIKITAABILLAHI WA SUNNATI RASUULIHII SHALLALLAHU 'ALAIHI WA AALIHII WASALLAMA, WADDU'AA-A ILAL HUDAA WADDALAALATA 'ALAL KHAIRI, WABTIGHAA-A WAJHILLAHI WA MARDHAATIHII WA QURBIHII WA TSAWAABIHII SUBHAANAHU WA TA'AALAA.

Kawula niyat badhe nengguh sinau ugi piwulang, sedya sami paring pepenget, sedya sami paring manfaat kawigunan, ugi sedya sami paring ngelmi ugi neguhaken laku andhap kateguhan dumatheng Kitabullah ugi Sunnah Kanjeng Rasulullah, ugi minuwun mugi dipun paringi hidayah ugi pitedah rahayu tumuju ing margi kabecikan, sarta angajab Karidhananipun Gusti Allah, ugi manekung angraket diri dumatheng Ngarsanipun Gusti Allah ugi angajab ganjaran kautaman saking Gusti Allah Ingkang Maha Suci Ugi Maha Enggal Panguasanipun.

سُبْحَانَكَ لاَعِلْمَ لَنَا إِلاَّمَا عَلَّمْتَنَا إِنَّكَ أَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ. اَللَّهُمَّ اَخْرِجْنَا مِنْ ظُلُمَاتِ الْوَهْمِ, وَاَكْرِمْنَا بِنُوْرِ الْفَهْمِ وَافْتَحْ عَلَيْنَا بِمَعْرِفَةِ الْعِلْمِ وَحَسِّنْ أَخْلاَقَنَا بِالْحِلْمِ وَسَهِّلْ لَنَا أَبْوَابَ فَضْلِكَ, وَانْشُرْ عَلَيْنَا مِنْ خَزَائِنِ رَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَلْهِمْنِيْ عِلْمًا أَعْرِفُ بِهِ أَوَامِرَكَ وَاَعْرِفُ بِهِ نَوَاهِيْكَ وَارْزُقْنِىْ اَللَّهُمَّ بَلاَغَةَ فَهْمِ النَّبِيِّيْنَ وَفَصَاحَةَ حِفْظِ الْمُرْسَلِيْنَ وَسُرْعَةَ إِلْهَامِ الْمَلاَئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَاَكْرِمْنِىْ اَللَّهُمَّ بِنُوْرِ الْعِلْمِ وَسُرْعَةِ الْفَهْمِ وَاخْرُجْنِىْ مِنْ ظُلُمَاتِ الْوَهْمِ وَافْتَحْ لِيْ أَبْوَابَ رَحْمَتِكَ وَعَلِّمْنِيْ أَسْرَارَ حِكْمَتِكَ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَسْتَوْدِعُكَ مِمَّا عَلَّمْتَنِيْهِ فَارْدُدْهُ إِلَيَّ عِنْدَ حَاجَتِيْ إِلَيْهِ وَلاَ تَنْسَنِيْهِ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.


SUBHAANAKA LAA ‘ILMA LANAA ILLA MAA ‘ALLAMTANAA INNAKA ANTAL ‘ALIIMUL HAKIIM. ALLAHUMMA AKHRIJNAA MIN DHZULUMAATIL WAHMI, WA AKRIMNAA BINUURIL FAHMI WAFTAH ‘ALAINAA BIMA’RIFATIL ‘ILMI WA HASSIN AKHLAAQANAA BIL HILMI WA SAHHIL LANAA ABWAABA FADHLIKA, WAN SYUR ‘ALAINAA MIN KHAZAA-INI RAHMATIKA, YAA ARHAMAR-RAAHIMIIN.

ALLAHUMMA ALHIMNII ‘ILMAN A’RIFU BIHII AWAAMIRAKA WA A’RIFU BIHII NAWAAHIIKA WARZUQNII ALLAHUMMA BALAAGHATA FAHMIN-NABIYYIINA, WA FASHAAHATA HIFDHZIL MURSALIINA, WA SUR’ATA ILHAAMIL MALAA-IKATIL MUQARRABIINA, WA AKRIMNII ALLAHUMMA BINUURIL ‘ILMI WA SUR’ATIL FAHMI, WAKHRUJNII MIN DHZULUMAATIL WAHMI, WAFTAH LII ABWAABA RAHMATIKA WA ‘ALLIMNII ASRAARA HIKMATIKA YAA RABBAL ‘AALAMIINA. ALLAHUMMA ASTAUDI’UKA MIMMAA ‘ALLAMTANIIHI FARDUDHUU ILAYYA ‘INDA HAAJATII ILAIHI WALAA TANSANIIHI YAA RABBAL ‘AALAMIINA. WA SHALLALLAHU ‘ALAA SAYYIDINAA MUHAMMADIN WA ‘ALAA AALIHII WA SHAHBIHII WA SALLAM.

Maha Suci Paduka, Mboten wonten ingkang kawula abdi mangertosi kalamun saking punapa ingkang Paduka terangaken dumatheng kawula abdi, sejatosipun lamun Paduka Ingkang Maha Mangertos Sedayanipun ugi Maha Wicaksana. Duuh Gusti Allah, luwaraken kawula abdi saking pepetheng kesupen ugi nyuwun kaparingan kamulyan dumatheng kawula abdi kanthi cahyaning kagunan ugi nyuwun kabukakaken dumatheng kawula abdi margining ma'rifat elmi ugi nyuwun kasampurnaning akhlak kawula abdi kangge anggayuh Gapura Kautaman Paduka, ugi gesangaken kawula abdi kanthi karahayuan rahmatipun Paduka, Duh Gusti Pangeran Sesembahan Ingkang Maha Welas asih.

Duh Gusti Allah, nyuwun kaparingan pitedah elmi dumatheng kawula abdi, supadhos makanthi sarana punika kawula abdi saged mangertosi Parentahipun Paduka ugi nyuwun kaparingan anugrah dumatheng kawula abdi Duh gusti Allah wekasanipun ngelmi pamedharipun para Nabi, kafasihanipun para Rasul, ugi ilham Malaikat Muqarrabin ingkang raket dumatheng Gusti Allah, ugi nyuwun kamulyan jati kangge kawula abdi duh Gusti Allah kanthi cahyaning elmi sejati ugi gampil narima kasejaten pangertosan ugi kawula abdi nyuwun dipun luwaraken saking pepetheng kesupen diri ugi nyuwun dipun bukakaken Gapura Rahmatipun Paduka ugi kawula abdi nyuwun kaparingan wewadhi ngelmi hikmah Paduka, duh Gusti Panguasaning Jagat Alam Samesta raya.

Duh Gusti Allah, sejatosipun kawula abdi anitipaken dumatheng Ngarsa Paduka punapa ingkang Paduka paringaken wedharaken piwulang Paduka kagem kawula abdi, pramila nyuwun kaparingan malih kangge kawula abdi ing wekdal kawula abdi ambetahaken ugi kawula abdi manuwun dumatheng Paduka ampun Paduka kesupen kawula abdi, Duh Gusti Pangeran Sesembahan Sedaya Alam Samesta raya.

Firmanipun Gusti Allah ing sajroning Kitabullah Al Qur'an Al Karim Surat Al Anbiya' 21 Ayat 35, injih punika : "Kullu nafsin dzaaiqatul maut. Wa nabluukum bisysyarri wal khairi fitnah. Wa Ilaina turja'uun.." Werdhinipun, "Saben keng duwe nyawa bakal ngrasakake mati. Jeneng Kita [Gusti Allah] bakal paring ujian marang Sira kanthi kasangsaran lan kabecikan mujudake pacoban. Lan sira bakal mulih lamun marang Jeneng Ingsun [Gusti Allah].."

Kanjeng Eyang Hasan Kalasan nate ngendika, "Elingana matimu sajroning Uripmu! Aja nganthi gegetun ngelingi Uripmu sak wise Patimu ing jroning alam kubur..?" Masya Allah.

Paseban Blog punika dalem wujud takzhim, pepenget lan trisna para tetesing trah darah Almarhum Kanjeng Eyang KRT. Hasan Midaryo ingkang sampun mangkat syahidullah warsa 2004 ing Kalasan den sumare ing Sasana Laya Klero, Prambanan, Sleman, Ngayogyakarto Hadiningrat. Mugi sadaya amal ibadah gesangipun Suwargi katampi dening Ngarsanipun Gusti Allahu Azza Wa Jalla ing Swarganipun ugi tansah langgeng pinayungan Syafa'at Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi wasalam dadhos Mukmin Sejati ingkang Husnil Khatimah, Allahumma Amiin, Al Fatehah...

Bismillaahir rahmaanir rahiim..

Allaahummaj'al wa aushil mitsla tsawaabi maa qaraktuhu ilaa ruuhi..
Walidana wa Jadalina wa Mursyidana Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo Kalasan ing Klero Bin Kanjeng Kyai Ageng Karto Sentono ing Klero Bin Kanjeng Raden Mas Prawiro Sentono ing Klero Bin Kanjeng Raden Mas Wirono Redjo ing Klero Bin Kanjeng Kyai Ageng Djoyo Wirono ing Klero Bin Kanjeng Kyai Ageng Bongso Wirono ing Klero Bin Kanjeng Kyai Ageng Suto Menggolo ing Klero Bin Kanjeng Panembahan Rekso Pati ing Klero Bin Kanjeng Panembahan Wongso Pati ing Klero Bin Kanjeng Adipati Toh Pati Ing Tulung Bin Kanjeng Pangeran Mas Karang Lo Raden Mas Prawiro Wongso ing Taji Bin Kanjeng Pangeran Mas Tedjo Kusumo ing Jogorogo Bin Kanjeng Pangeran Mas Maulana Abdullah Harya Pamungkas Sabrang Lor Bin Kanjeng Pangeran Mas Maulana Abdul Qadir Sabrang Lor Bin Kanjeng Pangeran Mas Maulana Muhammad Yunus Senopati Arya Sarjawala ing Japara Bin Kanjeng Syaikhuna Maulana Abdul Khaliqul Idrus ing Japara Bin Abdillah Bani Nabiyullah Adam Khalifatullah fil ardh Allaihis salam
Al Fatihah..

Allaahummaghfirlahu warhamhu wa 'aafihu wa'fu anhu wa akrimu nuzulaha wawassi' madkha laha wataqabbal hasanaa taha wakaffir sayyiaatiha birahmatika Yaa arhamarrahimiin..

Wa bi idznillah wa bijahin nabiyuna Muhammadar Rasulullah Shallallahu 'alaihi wasalam wa bi izzatul Kitabullah Al Qur'an Al Karim alaiha bi alfa alfin fadhilatul haqq Al Fatihah..

Alhamdulillah..
Lima papat punjul nenem?
Menawi lepat nuwun agenging pangapunten
Matur nuwun sanget, salam takzhim katur..
Rawa Gedhe, 6 Saka 1932 Jawi/Rabiul Akhir 1431 Hijriyah
22 Maret 2010


Bagus Kelono, Adhytia Setya Ariwibawa,AMd lan Indra Surya Wibawa,SPd


Tidak ada komentar:

Posting Komentar