Jujur, Jajar lan Jejer Manembah Gusti Ilahi

Duk Djaman Semono, Kandjeng Edjang Boeyoet Ing Klero nate paring wewarah,".. Djoedjoer Lahir Bathin Berboedi Bowo Leksono Adedhasar Loehoering Agomo, Djedjer Welas Asih Sasamoning Titah Adedhasar Jiwo Kaoetaman Lan Roso Kamanoengsan, Lan Djadjar Manoenggal Wajibing Patrap Bebrayan Agoeng Adedhasar Endahing Tepo Salira Manembah Ngarsaning Goesti Allah Ingkang Moho Toenggal, Ngrenggo Tjiptaning Koesoema Djati Rila Adedharma Mrih Loehoering Bongso, Agomo, Boedoyo, Lan Sasamining Titahing Gesang Ing Ngalam Donya, Ikoe Lakoening Moekmin Sadjati.." [Wewaler KRT. Hasan Midaryo,1999]

Senin, 22 Maret 2010

Pangeran Diponegoro Anom



Ngungak jati dhiri lan watake Pangeran Diponegoro [1787-1855]

Pangeran Diponegoro iku putra mbarepe Sri Sultan Hamengkubuwana III saka garwa ampeyan. "Babad Diponegoro nyebutake yen Pangeran Diponegoro lair dina Jemuah, tanggal 8 Muharam taun Be, utawa 11 November 1785. Nanging windune ora jumbuh. Taun 1785 windune Langkir, kamangka miturut Babad Diponegoro, windu kelairane iku Kulawu. Yen petungane linandhesan windu Kulawu, dina Jemuah tanggal 8 Muharam, taun Be, tibane ing taun 1704 Jawa utawa 6 Februari 1778.

Buku asesirah Sultan Abdul Kamit Herucakra Kalifah Rasulullah di Jawa 1787-1855, weton Museum Radya Pustaka Surakarta, taun 1990, kang ditulis dening Dr Soewito Santosa kang dibiyantu dening pepanthan redhaksi KRT Hardjonagoro, Oetari Koento Wibisono SH, Happy H Suryadjaya, Dr Sri Hastanto, RT Diarto Wiromanggolo, RT Hardjosuwarno lan Agus Sutanto BcHk, njlentrehake maneka pradondi kang sasuwene iki tuwuh lan ngrembaka yen ngrembug bab sujarah perjuwangane Pangeran Diponegoro nglawan Kumpeni Walanda.


Pangeran Diponegoro tumrap bangsa Indonesia kalebu pahlawan. Panjenengane tanpa kendhat kabiji tansah mbela rakyat cilik kang uripe kaningaya amarga kawicaksanane paprentahan Kasultanan Ngayogyakarta kang cedhak marang paprentahan penjajah Walanda. Paprentahan kang lumaku ora bisa ngayomi urip lan panguripane rakyat cilik. Adil lan ukum ora jejeg tumrap rakyat cilik. Ananging tumrap bangsa Walanda lan saperangan punggawa praja ing Kasultanan Ngayogyakarta jaman iku, Pangeran Diponegoro kabiji minangka pemberontak. Wong kang tansah ngganggu gawe lakuning paprentahan kang dianggep wus sah. Saengga Pangeran Diponegoro didunungake minangka mungsuhe pamarentah.


Yektine riwayat lan sujarah uripe Pangeran Diponegoro pancen narik kawigatene para sujana sarjana saka pirang-pirang negara, kalebu saka Indonesia dhewe. Kanyatan yen Pangeran Diponegoro iku lair saka garwa ampeyan utawa selir dadi pancadan maneka rupa tulisan saka para sejarahwan utawa sarjana Walanda nalika nulis bab urip lan kridhane Pangeran Diponegoro. Miturut andharan ing maneka warna buku asil karyane sejarahwan lan sarjana saka Walanda iku, akeh kang nganggep yen kridhane Pangeran Diponegoro nglawan paprentahan Kasultanan Ngayogyakarta lan paprentahan Walanda amarga krentege kanggo nglenggahi dhampar keprabon ing Kasultanan Ngayogyakarta.


Kamangka, adhedhasar Babad Diponegoro lan Babad Cakranegara, Pangeran Diponegoro yektine mangerteni yen sing duwe hak nglenggahi dhampar keprabon ing Kasultanan Ngayogyakarta ora liya ya RM Ambyah. Ing Babad Cakranegara cetha dicritakake nalika Sri Sultan Hamengkubuwana III wawangunem kalawan RM Ambyah. Ing kono dijlentrehake yen RM Ambyah lan Pangeran Diponegoro wus mangerteni kepriye larah-larahe waris keprabon sasurute Hamengkubuwana III.


Pangeran Diponegoro nglilakake hak kang sadurunge diparingake dening ramane, Hamengku buwana III, kanggo nglenggagi dhampar keprabon Kasultanan Ngayogykarta, marang RM Ambyah. Pangeran Diponegoro ngugemi pilihan iku amarga ora kepengin nyekel urusan kadonyan lan pengin konsentrasi ing upaya ngabekti marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan agama.


Saliyane iku, Pangeran Diponegoro uga mangerteni yektine adhedhasar adat lan pranatan, ya mung putra kang lair saka garwa prameswari kang duwe hak nglintir kalungguhan nata. Kacihna, ing agama Islam ana kalodhangan nemtokake lan netepake jejering pemimpin kang dipilih utawa ditetepake dening pemimpin sadurunge. Janji saka Hamengkubuwana III marang Pangeran Diponegoro yen besuk bakal nglintir kalenggahan nata ing Kasultanan Ngayogyakarta ora tinulis.


Ing pambukaning buku iki, Soewito Santosa njlentrehake, yektine naskah bab Sultan Abdulkamit utawa Pangeran Diponegoro iku wus ditulis wiwit 17 taun sadurunge dibabar dening Museum Radya Pustaka. Sing duwe krenteg kanggo mbabar ora liya KRT Hardjonagoro (saiki Panembahan Hardjonagoro-red) kang ing taun 1990 iku nglenggahi jejering Pangarsa Museum Radya Pustaka.


Soewito njlentrehake sasuwene iki akeh naskah sujarah bab urip lan kridhane Pangeran Diponegoro kang njupuk sumber saka tulisan-tulisan karyane para sejarahwan lan sujana sarjana nagara Walanda. Kamangka ing tanah Jawa yektine ana sumber kang luwih wigati kang sasuwene iki durung didhudhah, yaiku Babad Diponegoro karyane Pangeran Diponegoro dhewe lan Babad Cakranegara karyane Tumenggung Cakranegara, wakil senapati Kasunanan Surakarta kang mbiyantu Walanda lan dumunung ing Purwareja.


Asal-usule Pangeran Diponegoro kang miyos saka garwa ampeyan ndadekake panjenengane ngugemi sikep sakmadya marang para pangeran. Dening wong-wong Walanda, sikep mangkono iku dibiji umuk. Dina-dina ndalem uripe Pangeran Diponegoro dhewe ora kabeh dilakoni ing sajroning wewengkon Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Wiwit isih cilik malah urip ing sanjabane karaton, yaiku ing Tegalreja, kang ndadekake panjenengane tansah srawung kalawan para among tani lan rakyat cilik liyane.


Piwulange embahe kang tansah lelandhesan agama Islam uga ndadekake Pangeran Diponegoro luwih cedhak marang rakyat cilik. Pangeran Diponegoro uga kerep mbiyantu among tani kang katemben nandur pari utawa panen pari. Yen katemben nekani pondhok-pondhok pesantren uga tansah srawung karo santri-santri kang asale saka desa lan uga tansah nyandhang wulung, sandhangane para Walisanga kang kaprah ing madyaning bebrayan wong cilik. Miturut panganggit buku iki, saksapaa kang tau maca buku Babad Diponegoro, bakal antuk dudutan yektine ya wewengkon papan tuwuh lan ngrembakane jiwa kang mernani sikep lan watake Pangeran Diponegoro.


Panjenengane tanpa kendhat nglakoni tapa brata. Pangeran Diponegoro uga nyinau piwulang-piwulang asumber kitab Ramayana, Arjunawijaya lan kapustakan warisan pada leluhur tanah Jawa liyane. Saka kanyatan iku, miturut andharan ing buku iki, Pangeran Diponegoro mujudake pangeran Jawa kang ora kendhat ngudi kawruh piwulange para leluhur lan ngaluhur kayadene Panembahan Senapati, ananging uga panggah lan ora mingkuh saka ngugemi pranatan lan piwulang agama Islam. Uripe wiwit cilik kang raket kalawan donyaning pondhok pesantren ndadekake wong-wong Walanda ngecap yen Pangeran Diponegoro iku sawijining dweepr, senengane ngalamun.


Yektine, lelandhesan katrangan ing Babad Diponegoro, cap dweeper saka wong-wong Walanda iku amarga ora lelandhesan pangerten kang murwat bab tasawuf. Pangeran Diponegoro uga nyinau tasawuf, salah sijine lumantar buku Nasikatulmulki kang asline asesirah Nashikatul Muluk anggitane Al Ghazali.


Pehak Walanda uga mbiji yen Pangeran Diponegoro iku duwe sikep kerep rangu-rangu. Anatarane kabukten nalika Pangeran Diponegoro duwe pepenginan mati lampus. Yektine, miturut andharan ing buku iki, nalika Pangeran Diponegoro duwe pepenginan mati lampus utawa bunuh diri, ora beda kalawan rasane wong-wong kaprah kang katemben duwe sanggan abot.


Nalika iku Pangeran Diponegoro tansah meruhi wong-wong cilik, kawula kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat kang uripe tansah kaningaya lan tansah nandang kasangsaya amarga trekahe penjajah Walanda. Wong-wong cilik ing Ngayogyakarta wektu iku ora bisa nyambut gawe kanthi temen-temen kanggo nyukupi kabutuhane lan kabutuhan kulwargane amarga kudu netepi aturane penjajah Walanda, kayadene pajek kang maneka rupa lan kabeh larang.


Kanyatane, Pangeran Diponegoro banjur milih sikep nuladha pilihane Nabi Muhammad SAW lan Nabi Isa AS nalika nampa jejibahan kanthi ati kang sabar, mantep lan semendhe marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Kanthi mangkono, sikepe Pangeran Diponegoro kang rangu-rangu, malah kepara pengin mati lampus yektine nuduhake sikepe manungsa kaprah yen katemben nyangga bab utawa prekara kang abot.


Lan nalika wusana bisa semendhe marang Gusti Kang Maha Kuwasa, sikep rangu-rangu iku malih dadi antebing ati kanggo kanggo nglawan kabeh pehak kang tumindak dur angkara. Ing buku ini dijlentrehake yen laku uripe Pangeran Diponegoro wiwit timur nganti netepake sikep nglawan penjajah Walanda lan paprentahan Kasultanan Ngayogyakarta kang prasasat dikuwasani dening Patih Danureja, memper kalawan laku uripe Nabi Muhammad SAW wiwit timur nganti nampa wahyu minangka Nabi kang pungkasan saka Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.


Pangeran Diponegoro tansah nggilut agama Islam


Buku asesirah Sultan Abdul Kamit Herucakra Kalifah Rasulullah di Jawa 1787-1855 ora mligi njlentrehake bab perjuwangane Pangeran Diponegoro nglawan penjajah Walanda. Buku iki luwih akeh ngrembug bab pribadine, lan mligine kang gegayutan karo anggone nggilut lan ngetrapake piwulang agama Islam ing urip padinane. Ing buku iki ana perangan mligi kang njlentrehake tindake Pangeran Diponegoro nalika ditetepake minangka kalifah ing tanah Jawa. Lelandhesan Babad Dipanegara, Pangeran Diponegoro diangkat dadi kalifah nalika nenepi ing Guwa Secang, sawise maca Alquran, ing wanci lingsir srengenge, salebare nindakake solat Asar, mbeneri sasi Pasa.


Nalika iku Pangeran Diponegoro nembe lenggahan sangisore wit ringin, lan banjur krungu swara kang nyatakake yen panjenengane sinengkakake minangka kalifah Rasulullah ing tanah Jawa kanthi sesebutan Abdul Kamit Herucakra Sayidin Panatagama. Miturut andharan ing Babad Dipanegara, ungele swara sing dirungu kaya mangkene,”Heh Ngabdul Kamit sira, aranira mengko den paringi, iya marang Rabil’alamin, jeng Sultan Ngabdul Kamite, Herucakra sayidu, pan Panatagama ing Jawi, kalipah Rasulullah”.


Yen mindeng sesebutan utawa gelar tumrap Pangeran Diponegoro nalika sinengkakake minangka kalifah Rasulullah ing tanah Jawa, cetha ana perangan budaya Jawa lan budaya Arab. Perangan budaya Jawane katon ing sesebutan Herucakra, dene perangan budaya Arab katon ing sesebutan Abdul Kamit, Sayidin Panatagam, Kalifah Rasulullah.


Abdul Kamit kang uga tinulis Ngabdulkamit kalebu sesebutan kang lumrah, tegese abdine Al Hamid. Al Hamid dhewe ora liya salah sijine asma dalem Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sayidin Panatagama yektine ana perangan Jawa lan Arabe, ananging tegese padha yaiku sayid din utawa pemimpin agama. Ana uga panemu yen Sayidin iku asale saka tembung syah id din. Dene Panatagama ateges nimpuna tata agama, kang raket tegese karo tembung Sayidin.


Tembung Kalifah Rasulullah ateges wakile Rasulullah Muhammad SAW. Tembung iki ngandhut tapsiran kanggo mbedakake kalenggahane Pangeran Diponegoro ing wewengkon agama Islam kang beda kalawan kelanggahane Sri Sultan saka Karaton Ngayogyakarta lan Sri Susuhunan saka Karaton Surakarta. Kekarone uga sinebut Sayidin Panataga, ananging katrangane Kalifatullah, wakil saka Allah SWT.


Sesebutan Herucakra wus akeh sing nggoleki tegese kang baku, ananging katrangan-katrangan sing tinemu rata-rata durung cetha njlentrehake tegese tembung Herucakra iku. Biyasane sesebutan iki digandhengake karo raja Jayabaya, kang nglenggahi dhampar keprabon krajan Kediri ing abad XI. Raja Jayabaya diwartakake ngathik pralambang kang nyebut jeneng Herucakra iku minangka raja waliullah kang nggenteni raja Sunda-rowang (ing tembe ana ratu jeneng waliullah, kang nggenteni ratu Sunda-rowang, punika arane Sang Prabu Erucakra...).


J Brandes (Pararaton, VKI, 49, 1896) ngandharake yen tembung heru = juweel (permata) lan tembung cakra asale saka tembung cakrawati = wereldrond (saindenging donya). Saengga Herucakra ateges het juweel des wereld (permataning donya). Dene miturut Pigeaud, tembung Herucakra asale saka tembung vairocana (jeneng sawijining wong Budha). Buku iki bisa kanggo mepaki kapustakan bab sujarah urip lan perjuwangane Pangeran Diponegoro, mligine kanggo ngerteni kepriye watak lan pribadine, wiwit isih timur nganti dewasane.


Apamaneh ing buku iki uga dipepaki katrangan-katrangan kang asipat filosofis nalika ngrembug lan njlentrehake bab sipat, watak lan jati dhirine Pangeran Dipanegare lelandhesan laku padinane, jenenge, wewengkon papan dununge lan uga kepriye sesambungane karo rakyat cilik. Saka buku iki bisa dimangerteni yektine Pangeran Diponegoro iku sawijining pangeran Jawa kang uripe luwih akeh ana sanjabane wewengkon karaton saengga luwih akeh sesambungane karo rakyat cilik.


Pangeran Diponegoro uga sawijining satriya kang ngugemi dharmane satriya lelandhesan budaya Hindu-Jawa kang wajib nengenake kapentingane rakyat. Ananging Pangeran Diponegoro uga sawijining santri kang wiwit cilik digegulang piwulang agama Islam saengga menjila dadi muslimin kang kuwat lan kandel rasa takwane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar