Jujur, Jajar lan Jejer Manembah Gusti Ilahi

Duk Djaman Semono, Kandjeng Edjang Boeyoet Ing Klero nate paring wewarah,".. Djoedjoer Lahir Bathin Berboedi Bowo Leksono Adedhasar Loehoering Agomo, Djedjer Welas Asih Sasamoning Titah Adedhasar Jiwo Kaoetaman Lan Roso Kamanoengsan, Lan Djadjar Manoenggal Wajibing Patrap Bebrayan Agoeng Adedhasar Endahing Tepo Salira Manembah Ngarsaning Goesti Allah Ingkang Moho Toenggal, Ngrenggo Tjiptaning Koesoema Djati Rila Adedharma Mrih Loehoering Bongso, Agomo, Boedoyo, Lan Sasamining Titahing Gesang Ing Ngalam Donya, Ikoe Lakoening Moekmin Sadjati.." [Wewaler KRT. Hasan Midaryo,1999]

Senin, 22 Maret 2010

PANUNGGAL JATI

"Wewarah nyata kahananing Pangeran, kang binasaake luwih samar, tanpa rupa tanpa suwara, dudu lanang dudu wadon lan uga dudu wandu, tanpa prenah tanpa panggonan, dinulu ora katon, didumuk ora karuan".


"Iku teteping kahanan ana ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita, mula Eyang Klero anggone aweh pituduh, kaaumpamakake Urip iki lamun sapisan mulane ojo dilakoni kanthi sembrana?"


"Sejatine ora ana apa-apa, sakehing wewujudan, rerupan, warna lan sesebutan, iku dudu sejati lan dudu panuksmane Pangeran, Dene kang kadunungan panguwasan lan kamulyan ing sabarang kabeh, iku amung Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal Pancipta Lan Panguwasaning jagat sak isine, keng wujud lan keng ghaib".


"Mula, Ngger.. Menawa Sira durung bisa mengerteni wewaler wejangan iku? Yogya Sira, prayoga den tlateni marsudi maksude surasa, angimpun sakehing wejangan kautaman sakabeh, miturut kawruh kang sanyata? Golekana ngelmu kang manfaat, aja ngupaya elmu keng njalarani urip Sira kasaput ing laku mudharat, Ngger..?"


"Kanjeng Panembahan Wongsopati paring wewaler, sadurunge gumelar sakabehing kahanan ing alam marcapada lan maksapada? utawa alam Donya lan alam Akherat iku kang luwih dhisik katitah sajatine iya lamun urip kita keng sinebut Nur Adamiyyah lumantar Nur Muhammad! Jumeneng ana sajroning wiji kang pinggit, sinebut Alam Nur Insaniyyah, sak temene iya urip kita jejering titang manungsa, utawa sinebut Wujud Al Insaniyyah, keng tetep sinuksma ing pageran kita, utawa sinebut An nafs Al Insaniyyah, mula den bisa pada rumeksa ing urip kita pribadi, sinebut Haqqul Hayyat! Urip Sejati! Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam paring priksa menawa saran nampa derajat urip kita kudhu ngati-ati, keng gemi nastiti keng dadi witing pangauripan aja nganti nora bisa jumeneng uripe, yaiku sinebut Abdillah, Abdining Gusti Allah Ingkang Hanyipta titahing urip kita kanthi sandhangan Haqqul Kodratullah. Beda kahanane karo manungsa keng wis katerima sampurna kawruhe tetep ing pangandel, sinebut Al Mukmin! Nora bakal ketempela ing pangrecana amarga teguh ing kaimanan lan kaikhlasan lahir bathine ing jroning anembah Gusti Ilahi, Amanah lan Istiqomah! Yaiku tegese ora susah ing kaluwen amarga seneng anglakoni tapa pasa utawa ibadah Shaum, ngibarat kamlaratan wus dadhi sedulur sanja ing jagat! Lan ora kaget nuju kataman ing lelara amarga suka rila nampa kasunyatan utawa Takwa, ora wedi tekane pati amarga Malaikat Maut wus dadi kadhang kaimanan lan kayakinan jiwane, yaiku wong-wong keng ngupaya derajat pati kanthi Husnil Khatimah. Dene kasubut wong lumprah wae? Kudu nglakoni pangupaya kang ndadekake santosane uripe, yaiku kanthi ngupadaya laku kabecikan lan kautaman utawa ikhtiar sajroning ngibadah".


"Dene urip kita pratelane menawa nyata rinasuk dening Nurul Iman kita?, nyata saka solah bawa kita pribadi,iku sejatine terusane saka karsane Gusti Allah, mungguh panuksmane Gusti Allah anggone rumasuk ing rahayuning jisim kita".


"Uga ana prabedane mungguh gelaring kawula lan gusti, utawa sinebut lampahing Muslim lan Mukmin Sejati?".

"Dene sinebut Gusti iku menawa Sira tansah tangi awan wengi sajroning ngibadah dzikir dumateng Gusti Allah, tuwuk ing sajroning pasa utawa ngibadah shaum kirana Gusti Allah, ayem ing sajroning pamikir amarga tansah maca Kitabullah Al Qur'an Al Karim saben dinane, parem ing sajroning lungguh amarga tansah ngirim Sholawat dumatheng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam, sareh iling sajroning pacoban amarga jasad tansah teles ing tetesing banyu wudhlu tanpa batal, tetep istiqomah kaimanan lan kaikhlasan ing sajroning ngibadah sholat limang wektu saben dinane, waspada sajroning pangucap amarga nafas, lisan lan bathin tansah ngagungaken Asmaning Gusti Allah, santosa ing sajroning puja syukur amarga remen wirid kalimat tahmaid, Alhamdulillahi Rabbil 'alamiin ing sarupa-rupaning kahanan, bungah dadhos abdining Gusti Allah rikala angadhepi rubeda lan kasangsaraning urip, waras ing lahir bathin lan raharja ing sedekah lan zakatnya".

"Dene gelare kawula iku luwe sak wuse mangan, ngelak sak wuse ngombe, sahwat sak wuse saresmi, lali sak wuse eling, bingung sak wuse yakin, pangling sak wuse apal, susah sak wuse seneng, lara lan bilahi sak wuse bergas waras, kabeh mau saka pakertine pepesten kita pribadi keng ora sampurna ing sifat lan prilaku".

"Mungguh pratikele menawa arep mangesti utawa manekung, mengkene?


"Wiwitane kudu ngurangi mangan, turu lan sahwat, apa dene ngurangi sekabehing kekarepan, ing tengah wengi banjur sesuci raga, adus busana lan geganda, ngedepake keblate, banjur ngedekake Sholat Taubat dumatheng Gusti Allah. Cahya Iman sumurup katon ing jaja, yen wis tekan wayah bangun esuk banjur pati raga, kanthi nutupi pancadriya, nyegah turas, sarip lan sesuker, banjur nata mlebu metune napas, yaiku nareke napas saka puser napas mlebu kanthi istiqomah ing maca wirid syahadate. Diterusakake munggah ngliwati cekak tekan ing embun-embunan kanti maca wirid sholawate. Narike napas karo nyebut “Hu” jroning bathin, sak wise napas saka embun-embunan di manjingake sedela, maca kalimat istighfar "Astaughfirullah 'Alladzhim", banjur di wetokake sarana alon-alon tekan ing puser kabarengan nyebut “Allahu Allah” ing batin tanpa itungan".


"Supaya ditindakake saben dina lan wengi, sinebut Shalat Da'im utawa Sholat Bathin, Dzikrullah tanpo itungan, tanpa rakaat tanpa wayah, paribasan shalat ngiras nyambut gawe, lungguh karo mlaku, mlaku karo ndoprok, mlayu karo leren, mbisu karo ngomong, lungo karo turu, turu karo melek, jalaran Sholat Da'im iku hakekating Dzikir Qalbu lan Sholawat Nafas, mula tanpa rukuk, tanpo sujud, amung dumunung ana rahsa telenge urip pribadi Sira, ngger.. mengkono wewalere Eyang Panembahan Wongsopati ing Klero?".


"Dene adege ya urip kita pribadi, rukuke pandeleng kita pribadi, sujude pangganda kita pribadi, iktikade pamiyarsa kita pribadi, wacane ayat pangrasa kita pribadi, lungguhe tetepe iman kita pribadi, pujine mlebu metune napas kita pribadi, dhikire awas eling kita pribadi, keblate marang eneng ening kita lamun tumuju Haqqullah, mulane Sira aja was sumelang maneh, Gus? Hehehe.. Urip gur sadhelo mulane gunakake kanthi mertobat tanpo kendhat ing lali, Ngger..?".


"Mula mengkono sebab jumeneng Dzat, Sifat, Asma, lan Afngal kita pribadi, iku wis dadi Sajadah Urip Sejati para Mukmin! Mertandani sejatine shalat nafas lan ruh kita pribadi dumatheng Hadratullah keng diarani Kanjeng Sunan Kali Jogo sinebutan Sholat Da'im iku, Ngger.. Cah Bagus, hehehe..".

Dena iptitahe Sholat Da'im iku mengkene?"


"Niat ingsun Shalat Da'im aneguh kaimanan dumatheng Hadratullah, kanggo salawase urip ingsun sajroning Kodratullah, adege ya urip ingsun sajroning Qadarullah, rukuke paningal ingsun memuji Basharullah, iktidale pamiyarsan ingsun memuji Sirrullah, sujude pangambu ingsun memuji Shomadullah, wewacane ayat pangucap ingsun memuji Ayatullah, lungguhe tetepe iman ingsun dumatheng Haqqullah, tahiyate mantepe tauhid ingsun dumatheng Kalamullah, salame makrifat Islam ingsun nderek Rasulullah, pepujine mlebu metune napas ingsun memuji Barakatullah, pujine awas eling ingsun kanthi dzikrullah, keblate adheg eneng-ening ingsun ing Kiblatullah, perlu nglakoni wajib saka kodrat-iradat ingsun dewe ing Sidratullah, Mangkana mau pasrah manekung sanubari marang Dzatullah, kanthi ikhlas lillahi ta'ala..".


"Kanjeng Eyang, saderengipun wayah dalem.. nyuwun pangapunten menawi dalem pribadi sampun lancang kiranging adab ugi asoring tata krama ing panggayuh manah, amargi dalem badhe nyuwun wedharan perkawis ingkang kasebat Sholat Da'im punika, Kanjeng Eyang?"


"Hehehe, Putuku Cah Bagus. Sholat Da'im? Sayekti Eyang Kakung ora mangerteni kepiye sejatine sing dikarepake Sholat da'im iku, Ngger? Hananging sangka para Pepundhen rikala semana pan wus kabadhar ing sajroning Suluk Syaikh Malaya, yaiku Laku Makrifatipun Kanjeng Sunan Kali Jogo ing jaman Wali Songo semana".


"Eyang Buyut nate paring wewaler ing jaman semana, ewodene keng kasebut Sholat Da'im iku?, menawa di semak karo hakekating Rukun Islam?, utawa karo katimbang pikukuhe iman, surasane nunggal misan wae, iku wacanane para Ahlus Suluk Jagat Tasawuf, umpamane pepundhen kita, Kanjeng Sunan Kali Jogo, pangajabe anjangka nikmating Jagat Makrifat para Abdillah, para Abdining Gusti Allah keng gandrung kasmaran dumatheng Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal, yaa.. gampangane mengkene?" :


"Rukun Islam utawa Arkanul Islamiyyah iku sayektine ana Lima prakara, yaiku?" :


"Sapisan, Syahadat, mungguh hakekate ana laku temen dunungge ing wicara, ikrar kanthi lisan, anyekseni menawa ora ana gusti sesembahan keng layak kasembah kajaba Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal, lan anyekseni menawa Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi Wasalam iku Utusaning Gusti Allah, angger nuhoni wicarane ya iku teteping sajatine syahadat".


"Kapindhone, Pasa, utawa Shaum, hakekate ana laku nrima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan ambu, kang menginake ora ngambu-ambu sakebehe kekurangan, ya iku tetep sejatining pasa".


"katelune, Zakat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana pandulu, anger bisa anggawe wuta mripat, ya iku nentepi sejatining zakat".


Kaping papat, Shalat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana ing pangrungu, angger bisa anulekake tanlingan, ya iku anglungguhi sejatining shalat".


Kalimane, Haji, hakekate ana panalangsa lan nentepi janji suci Abdi dumatheng Gusti Allah, dumunung ana pangrasa lan solah bawa, angger bisa nyirnakake pangrasa lan mati sarira, ya iku ngakoni sejatine haji".


Kabeh mau paribasane lesan Sira ikhlas mbisu?, irung Sira ikhlas pepet?, mripat Sira ikhlas wuta?, kuping Sira ikhlas budheg?, badan Sira ikhlas mati?, yaiku kang nama tetep kuwasa nindakake rukun Islam Sejati, sebab nyata kuasa mati sajroning urip, urip sajroning pati, ya urip salawase nderek Gusti Allah Ingkang Maha Langgeng!".


"Sabanjure? Pikukuhe Iman ana Nenem prakara, yaiku?"


"Kaping pisan, percaya ing Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal, Allahu Ahad, sinebut "Imanan allallahu Rabbul Ahad". Hakekate ngestokake uripe jasad kita, sarta rumangsa menawa dadi sipating Gusti Allah Sejati, lire angger jasad kita tansah sinucenan, sarta sabarang tindak tansah ngenggoni ing kautaman, mengkono iku nengguh laku pangandeling Gusti Allahu Rabbul Malikul 'Alam".


"Kaping pindho, percaya ing Malaekat, sinebut "Imanan alla malaikatullah". Hakekate ngestokake wahyune sifat jati pandeleng, sifat jati pamicara, sifat jati pangganda, sifat jati pangrasa, sifat jati pangecap, lire angger kita tansah ngati-ati anggen kita matrapake solah tandhang ing netra lan wirasa, yaiku hakekate tetep temen-temen ngandel ing Malaekate Gusti Allahu Rabbul Malikus samawati wal Ardh. Sabab hakekate malaekat iku raket ing pangawas-awas dumunung ana sajroning amaliyah pancadriya yaiku? Kapisane, Malaekat Jibril Allaihissalam, dumunung pangawas ana ing pangrasa. Kapindhone, Malaekat Mikail Allaihissalam, dumunung pangawas ana ing pangganda. Katelune, Malaekat Isrofil Allaihissalam, dumunung pangawas ana ing Pandulu. Kaping papate, Malaekat Ngijrail Allaihissalam, dumunung pangawas ana ing Wicara".


"Kaping telune, percaya ing utusan, sinebut "Imanan alla anbiya wal mursalun". Pracaya dumatheng para Nabi lan para Utusaning Gusti Allah. Hakekate ngetokna wahanane rahsa, lire angger kuwasa ngendaleni pangrasa lan ngeningake pandeleng lereme cipta mengkono iku netepi kayakinan lan kaimanan dumatheng para Utusan Kinasihipun Gusti Allahu Rabbul Malikul Mulk".


"Kaping papate, percaya ing Kitabullah, sinebut "Imanan alla Kitabullah". yaiku yakin angimani Kitabullah keng kaparingake dumatheng para Nabi Pinilih, yaiku : Sapisan, Kitab Zabur Kanjeng Nabi Dawud Allaihissalam, utawa Kitab Kedadiyan. Kapindhone, Kitab Taurat Kanjeng Nabi Musa Allaihissalam, utawa Kitab Perjanjen Awal. Katelune, Kitab Injil Kanjeng Nabi Isa Al Masih Allaihissalam, utawa Kitab Perjanjen Akhir. Pungkasane, Kitab Suci Al Qur'an Al Karim Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam, utawa Kitab Pambeda. Hakekate ngestokake kahanane nyawa, lire awas lakuning urip uga eling lan ngerti ing dosa kita, mengkono mau angger tansah eling ing batin, yaiku netepi kayakinan lan kaimanan tumrap Kitab Suci utawa Kalam Suci Peparinging Gusti Allahu Rabbul Malikul Haqqul Mubin".


"Kaping limane, percaya untung ala becik saka wasesaning Gusti Allah, utawa "Imanan alla qadha wal qadar!" tegese tekane begja cilaka saka Panguwasane Gusti Allah, keng angliput ananing nasib lan takdir! Hakekate ngestokake menawa nafsu iku saka wedharing budi lan pribadi, lire angger enggal pasrah nalangsa marang Dzat kita, ya iku tetep temen-temen ngandel ing takdir saka Gusti Allahu Rabbul Malikul Hayyul Qayyum".


"Kaping nenem, percaya ing Dina Akhir, sinebut "Imanan alla yaumil akhir", tegese dina wekasan, pamungkasing pungkasan, hakekate ngestokake ing pepestene pati ing dina pati?, utawa yaumil maut saka wisesaning Dzat Hayat kita pribadi, pati kita sinebut Yaumil Qiyamah Sughra, utawa dina kiamat alit. Lan sirnaning jagat alam donya sinebut Yaumil Qiyamah Kubra, utawa dina kiamat gedhe! Lire angger karep nindakake ngibadah urip kanthi sucining tekat kita kang santosa, iku tetep yakin teguh ing kaimanan bakal ananing dina akhir saka wisesaning Gusti Allahu Rabbul Malikul Yaumil Awwal Wal Yaumil Akhir".


"Ananging sakabeh iku mau lamun wacana Suluk ing Jagat Tasawuf, ananging ingkang baku iyaa.. tetep anglakoni wajibe Muslim. Wajibe Sholat lima wektu, sangka netepi wajibing Sholat Subuh loro raka'at, wajibing Sholat Dhuhur papat raka'at, wajibing Sholat Ashar papat raka'at, wajibing Sholat Maghrib telung raka'at, wajibing Sholat Ngisya' papat roka'at. Lan netepi uga Sholat-sholat sunnah kanggo nyampurnakake amaliyyah liyane, hehehe.. elingana Asholatu imaduddin! Menawa Sholat iku saka guruning agama! Mangkono.. ujare Simbah.. Ngeer Cah Bagus.. hehehe.. "

Salajengipun, Kanjeng Eyang Hasan Kalasan lengser saking paseban badhe nglajengaken kawajibanipun, sinambi ngeses sigaret Gudang Garam Merah Kretek lan ngunjuk Kopi Nasgitel. Ingkang wayah, Bagus Kelono santun lajeng unjuk sungkem pangabekti dumatheng Kanjeng Eyang Kakung Kalasan ugi Kanjeng Eyang Putri Kalasan ing Gandhok Pangiwa, ngucap atur nyuwun pamit wangsul dumatheng Lembah Menoreh, amargi mbenjang kedah netepi wajib ngudhi elmi ing Padhepokan SMAN 2 Wates, Memory Akhir 1994.
Pepeling bathin dumatheng Suwargi Eyang Kalasan Kinasih, Mugi tansah pinaringan barakah lan maghfirah agung saking Gusti Allahu Azza Wa Jalla, amiin. Matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar