Mudzakarah Trah Darah Pati Unus ing Sabrang Lor [Mijil ing Japara,1480-Syahid ing Selangor Malaysia,1521], Trah Darah Panembahan Wongsopati ing Klero [Sedha ing Klero,1680], Trah Brayat Ageng Kyai Karto Dreyan ing Kentheng [Sedha ing Kentheng,1943] dumugi Trah Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo ing Kalasan [Mijil ing Prambanan,1921-Sedha ing Kalasan,30 Maret 2004]
Jujur, Jajar lan Jejer Manembah Gusti Ilahi
Duk Djaman Semono, Kandjeng Edjang Boeyoet Ing Klero nate paring wewarah,".. Djoedjoer Lahir Bathin Berboedi Bowo Leksono Adedhasar Loehoering Agomo, Djedjer Welas Asih Sasamoning Titah Adedhasar Jiwo Kaoetaman Lan Roso Kamanoengsan, Lan Djadjar Manoenggal Wajibing Patrap Bebrayan Agoeng Adedhasar Endahing Tepo Salira Manembah Ngarsaning Goesti Allah Ingkang Moho Toenggal, Ngrenggo Tjiptaning Koesoema Djati Rila Adedharma Mrih Loehoering Bongso, Agomo, Boedoyo, Lan Sasamining Titahing Gesang Ing Ngalam Donya, Ikoe Lakoening Moekmin Sadjati.." [Wewaler KRT. Hasan Midaryo,1999]
Senin, 22 Maret 2010
Njeng Ibu RA. Istiningsih ing Wates
I. Bebuka
Sedaya puja lan pamuji syukur kalamun kahaturaken dumateng Ngarsanipun Gusti Alloh Ingkang Moho Tunggal, bilih saking sedaya peparing rahmat agung, nikmatipun endahing Iman Islam ugi Ihsaning Muslim, ugi gelaring rizqi gesang tumrapipun tata lahir bathin kita. Mugi kitha sedaya kaparing kaslametan ageng datan nglampahi jejibahan gesang ing ngalam dunyo dumugi ing ngalam akaherat samangke kanthi jejimat Ridhaning Gusti Allahu Azza Wa Jalla ugi mugi payung Syafa'at Agengipun Guru Sajati kita, Kanjeng Nabi Sayidina Maulana Musthafa Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam.
Salajengipun, salam takzhim ugi sholawat kitha sami kahaturaken dumatheng ngarsanipun Kanjeng Nabi Sayidina Maulana Musthafa Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam. Mugi Syafa'atipun Kanjeng Rasulullah dadhos payung agung kaslametan amaliyah gesang kita datan hanetebi kawajiban kaimanan abdining Gusti Allahu Azza Wa Jalla, ugi daya kateguhan kitha datan hanetebi kawajiban amal ibadah ummat Islam nderek syariatipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasalam, mugi nenggih drajat agung Mukmin Sajati ingkang kaparing drajat agung Husnul Khatimah ing akhir hayat kitha samangke. Allahumma amiin Insya Allah
Kanjeng Ibu Isti Wates sayektos yoginipun Kanjeng Eyang Kakung Kalasan, Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo lan Kanjeng Eyang Putri Kalasan, Nyai Siti Dariyah ingkang kaping kalih. Panjenenganipun Ibu Isti Wates, punika gadah asma alit "Mbak Isti" utawi "Mbak Ning", mijil wonten ing tlatah Prambanan, Sleman, Ngayogyokarto
Kanjeng Ibu Isti Wates netebi wajib sekolah saking SD dumugi SMP wonten ing Prambanan lan ing Wonosari, rikala semanten Kanjeng Eyang Kakung Hasan Midaryo Kalasan taksih netebi tugasipun dadhos satunggiling Mantri Polisi ing jaman pendudukan Jepang dumugi jaman geger G.30 S/PKI antawis warsa 1966. Salajengipun, Kanjeng Paman Ikhsan netebi wajib sekolah ing SMAN 1 ing Wates Kulon Progo rikolo Kanjeng Eyang Hasan Midaryo Kalasan netebi wajib dadhos Penewu utawi Camat ing Kecamatan Lendah, lajeng Camat ing Kecamatan Panjatan ngantos katugasaken pemerintah ing Pemda Kabupaten Kulon Progo ing kuto Wates.
Kanjeng Ibu Isti Wates lan sedaya kadhang sepuhipun sami nderek pindah papan ing pundhi kemawon Eyang Kakung Hasan Midaryo Kalasan pikantuk tugas saking pemerintah, utawi saking Pepundhen Puro Paku Alaman, lan saking Ingkang Ngarso Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono ngkang kaping IX ing Kasultanan Ngayogyokarto Hadiningrat.
Ngantos pikantuk jodonipun ing tlatah Wates, salajengipun Kanjeng Ibu Istiningsih kagarwa dening Njeng Rama Maulana Suryaman Daly Bin Syaikh Maulana Mohammad Daliman saking tlatah sabrang, injih punika Kuta Medan, Sumatera Utara. Salajengipun lahir para putra lan putri, ing antawisipun :
[1] Alm. Ismu Aji Daly
[2] Ismu Daly,SS
Ismu anggarwa Risda Hasan lajeng manggen wonten tlatah Tambun bekasi.
[3] Melina Daly,Amd
Rayi Melina kagarwa dening Raka Mas Agus Sunyoto,S.Sos lan kapurih gadah putra kalih, injih punika :
(1) Nova Kusuma Laksana Aji
(2) Hyuga Saputra Ahadan Khaliq
[4] Eny Daly,S.Pd
Rayi Eny kagarwa dening Raka Mas RM. Retno Hastoro lan gadah putri tunggal, injih punika :
(1) Shresi Dissa Almitha
[5] Adhytia Daly,Amd
Insya Allah, badhe anggarwa Diajeng Sandya Finindya
[6] Indra Daly,S.Pd
Insya Allah, badhe anggarwa Diajeng Leony Fajar
II. Sanad Silsilah Trah Saking Bapa
Supadhos pangeling-eling lakunipun sejarah, ugi sinaoso kangge dedhasar wasilah silaturahim sedaya brayat ageng Trah Kanjeng Panembahan Wongsopati ing Klero, dumugi Trah Kyai Karto Dreyan ing tlatah Sumber Harjo Prambanan, tuwin dumugi Trah Kanjeng Eyang KRT. Hasan Midaryo ing Kalasan, Sleman, Ngayogyokarto. Menawi dipun urut malih, bilih kanjeng Eyang KRT. Hasan Midaryo ing Kalasan kapurih tedhak turun Trah Kanjeng Panembahan Wongsopati ingkang kaping X.
Mugi-mugi, sanad silsilah punika handadhosaken tambahing daya raos rinaketing pasederekan sedaya saderek ing Lampung ugi ing tanah Jawi, dumugi akhir zaman. Trahing kusuma rembesing madu lamun rahmatipun Gusti Allah Ingkang Moho Agung, sanes patrap pamer kadrajatan hananging dhasar kitha nerasaken sadaya pangajabipun para leluhur lan pepundhen ingkang sampun nilaraken amanah suci dumatheng para trah darahipun supadhos saged dadhos brayat ageng Mukmin ingkang sajati. Insya Allah..
Punika sanad silsilahipun Njeng Ibu RA. Istiningsih Binti Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo ingkang kalenggahanipun wonten ing tlatah Wates, kulon Progo, Ngayogyokarto, kapurih kabadar saking trah darah kanjeng Bapanipun, injih punika :
Njeng Ibu RA. istiningsih
Binti
Raden Mas Bagus Ahmad Saniyo
utawi Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo ing Kalasan,
utawi Kanjeng Kyai Wongsopati-X ing Kalasan
[mijil ing Prambanan,1921 lan sedha ing Kalasan,30 Maret 2004 M lajeng sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero Prambanan]
Bin
Kanjeng Kyai Karto Sentono,
utawi Kanjeng Kyai Mpu Wongso Pati-IX ing Klero,
[sedha ing Klero antawis warsa 1965 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Karto Dreyo,
utawi Kanjeng Kyai Mpu Wongso Pati-VIII ing Kentheng
[sedha ing Klero antawis warsa 1943 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Wirono Redjo,
utawi Kanjeng Kyai Mpu Wongso Pati-VII ing Klero,
[sedha ing Klero antawis warsa 1885 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Ageng Djoyo Wirono,
utawi Kanjeng Kyai Ageng Wongso Pati-VI ing Klero,
[sedha ing Klero antawis warsa 1840 lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Ageng Bongso Wirono,
utawi Kanjeng Kyai Ageng Wongso Pati-V ing Klero,
[sedha ing Klero warsa 1805 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Ageng Suto Wirono
utawi Kanjeng Kyai Ageng Wongsopati-IV ing Klero,
[sedha ing Klero warsa 1775 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Kyai Ageng Suto Menggolo,
utawi Kanjeng Kyai Ageng Wongsopati-III ing Klero,
[sedha ing Klero warsa 1740 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Panembahan Rekso Pati,
utawi Kanjeng Panembahan Wongso Pati-II ing Klero,
[sedha ing Klero warsa 1709 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Panembahan Wongso Pati-I ing Klero,
[sedha ing warsa 1680 M lan sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Bin
Kanjeng Gusti Adipati Toh Pati ing Tulung,
[sedha ing warsa 1645 M lan sumare ing Sasanalaya Tulung]
Bin
Ki Ageng Karang Lo
utawi Raden Mas Prawiro Wongso Kusumo,
[sedha ing warsa 1600 M lan sumare ing Sasanalaya Taji Prambanan]
Bin
Kanjeng Gusti Pangeran Tedjo Kusumo
utawi Kanjeng Panembahan Jogorogo ing Ponorogo,
[sedha ing warsa 1565 M lan sumare ing Sasanalaya Jogorogo Ponorogo]
Bin
Kanjeng Gusti Pangeran Maulana Abdullah Al Idrus
utawi Kanjeng Pangeran Harya Pamungkas Sabrang Lor-II,
[sedha syahid ing ngalogo warsa 1528 M lan sumare ing Pulau Besar Malaka, Selangor, Malaysia]
Bin
Kanjeng Gusti Pangeran Maulana Abdul Qadir Al Idrus
utawi Adipati Unus Sabrang Lor-I,
[mijil ing Japara warsa 1480 lan sedha syahid ing ngalogo warsa 1521, lajeng sumare ing Pulau Besar Malaka, Selangor, Malaysia]
Bin
Kanjeng Gusti Pangeran Mas Maulana Muhammad Yunus Al Idrus
utawi Senopati Arya Sarjawala ing Japara
[ sumare ing Sasanalaya Kadipaten Japara]
Bin
Kanjeng Syaikhuna Maulana Abdul Khaliqul Idrus Al Mukhrawi,
[sumare ing Sasanalaya Kadipaten Japara]
Bin
Abdillah
ilaa
Bani Nabiyullah Adam Khalifatullah fil ardh Allaihis salam
wa ummul bashar Siti Hawa Allaihassalam.
III. Sanad Silsilah Trah Saking Ibu
Salajengipun, punika sanad silsilah Njeng Ibu RA. Istiningsih saking trah darah Kanjeng Ibunipun, injih punika Kanjeng Eyang Putri Kalasan, ingkang asma Raden Ajeng Siti Dariyah Binti Kyai Wedono Somo Marto utawi Kanjeng Kyai Ageng Somongari.
Njeng Ibu RA. Istiningsih
Binti
Raden Ajeng Siti Dariyah
utawi Kanjeng Nyai Tumenggung Hasan Midaryo ing Kalasan,
[mijil ing Somongari, sedha ing Kalasan,29 Maret 2007 lajeng sumare ing Sasanalaya Wongsopati Klero]
Binti
Kanjeng Kyai Wedono Sumo Marto
utawi Kyai Imam Somongari-VII
[mijil ing Somongari warsa 18 Maulud 1888 M, sedha 14 Juni 1968 ing Metro Lampung lajeng kaputer giling ing Sasanalaya Kyai Ageng Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Imam Sumo Citro
utawi Kyai Imam-VI
[Sumare ing Sasanalaya Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Demang Sastro Wongso
utawi Kyai Demang Somongari-V
[Sumare ing Sasanalaya Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Demang Ngaran Wongso Negoro
utawi Kyai Demang Somongari-IV
Sumare ing Pralayan Kademangan Ngaran, Sasanalaya Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Imam Ahmad Darso ing Tanjung Anom
utawi Kyai Imam Somongari-III
[Sumare ing Pralayan Padukuhan Tanjung Anom, Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Imam Purbo Kusumo ing Jolo Sutro
utawi Kyai Imam Somongari-II
[Sumare ing Pralayan Padhepokan Jolo Sutro, Somongari]
Bin
Kanjeng Pangeran Kedhana Kedhini
utawi Kanjeng Pangeran Mas Kusumo As'ngari
utawi Kanjeng Kyai Ageng Somongari-I
[Mijil ing Krathon Ngayogyakarto Hadiningrat, sumare ing Sasanalaya Somongari]
Bin
Kanjeng Kyai Imam Ahmad As'ngari Mentosoro ing Tanjung Anom
[Sumare ing Pralayan Tanjung Anom]
Bin
Kanjeng Gusti Pangeran Mas Abdullah As'ngari Nila Sraba ing Bagelen
[Sumare ing Pralayan Nila Sraba Bagelen]
Bin
Kanjeng Sunan Geseng Maulana Abdurrahman As'ngari ing Jolo Sutro,
[Mijil ing Bagelen, sumare ing Sasanalaya Piyungan Bantul, Ngayogyakarto Hadiningrat]
Bin
Kanjeng Panembahan Maulana Husein As'ngari ing Wono Joyo
[Sedha ing Wono Joyo warsa 1521 M]
Bin
Kanjeng Panembahan Maulana Wahdi As'ngari ing Pajang
[Sumare ing Pralayan Pajang]
Bin
Kanjeng Panembahan Maulana Hasan As'ngari ing Demak
[Sumare ing Pralayan masjid Agung Demak Bintoro]
Bin
Kanjeng Panembahan Maulana Ahmad As'ngari ing Kadilangu Demak
[Sumare ing Sasanalaya Kadilangu Demak]
Bin
Abdillah
ilaa
Bani Nabiyullah Adam Khalifatullah fil ardh Allaihis Salam
wa ummul bashar Siti Hawa Allaiha salam
IV. Panutup
Alhamdulillahi Rabbil 'Alamiin, kanthi sujud syukur lan atur panuwun dumatheng Ngarsanipun Gusti Allahu Azza Wa Jalla, mugi slamet rahayu lahir bathin dunyo dumugi akherat kanthi angajab payung agung Syafa'atipun Kanjeng Rasulullah dumatheng sedaya sanak saderek Brayat Ageng Trah Eyang KRT. Hasan Midaryo Kalasan ing pundhi kemawon, mugi lir saking sedaya rubeda lan sambikolo.
Nyuwun agenging pangapsami saking sedaya Kadhang Sutrisna, bilih menawi taksih kathah khilaf ing tata kirata basa kawulo, utawi kathah klentha-klenthu anggenipun kawulo anggelar isinipun seratan punika. Pramila punika, angajab saged tumuju sampurnaning wedharan tulisan kawulo punika ing samangke?, Salajengipun pramila kasuwun para Kadhang Sutrisna lumantar ing www.trahpanembahanwongsopati.blogspot.com punika kersaha peparing sedekah warta, informasi, data utawi cariyos babad sejarah para leluhur.
Amargi, kawiwit saking pangajab manah kawulo kanthi blog punika bilih saged dadhos sarana hangraketaken maleh raos pasederekan sasama brayat ageng, ugi nerasaken semangat perjuangan para leluhur lan tiyang sepuh kitha, kanthi nguri-uri tilaran sejarah ugi ajaran laku kautaman warisanipun para Pepundhen, khususipun dumatheng para sanak kadhang anem utawi generasi penerus Trah Wongsopaten ingkang dereng lahir. Supadhos mboten kepaten obor sejarah para leluhur lan guyubing raos pasederekan kitha sedaya dumugi akhiring zaman.
Matur sembah nuwun..
Ismu Daly
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Kulo nuwun Eyang, kulo bade tanglet ingkang Makam Kempul Taji menika makamipun sinten nggih?? Nopo leres makam Kyai Karanglo kaliyan Nyai Pembayun?? lan mitos kempul meniko pripun eyang?? sejarahipun wonten kempul lan suoro-suoro gamelan wonten meniko. Kulo saking Gantiwarno, Klaten.
BalasHapus