Mudzakarah Trah Darah Pati Unus ing Sabrang Lor [Mijil ing Japara,1480-Syahid ing Selangor Malaysia,1521], Trah Darah Panembahan Wongsopati ing Klero [Sedha ing Klero,1680], Trah Brayat Ageng Kyai Karto Dreyan ing Kentheng [Sedha ing Kentheng,1943] dumugi Trah Kanjeng Raden Tumenggung Hasan Midaryo ing Kalasan [Mijil ing Prambanan,1921-Sedha ing Kalasan,30 Maret 2004]
Jujur, Jajar lan Jejer Manembah Gusti Ilahi
Duk Djaman Semono, Kandjeng Edjang Boeyoet Ing Klero nate paring wewarah,".. Djoedjoer Lahir Bathin Berboedi Bowo Leksono Adedhasar Loehoering Agomo, Djedjer Welas Asih Sasamoning Titah Adedhasar Jiwo Kaoetaman Lan Roso Kamanoengsan, Lan Djadjar Manoenggal Wajibing Patrap Bebrayan Agoeng Adedhasar Endahing Tepo Salira Manembah Ngarsaning Goesti Allah Ingkang Moho Toenggal, Ngrenggo Tjiptaning Koesoema Djati Rila Adedharma Mrih Loehoering Bongso, Agomo, Boedoyo, Lan Sasamining Titahing Gesang Ing Ngalam Donya, Ikoe Lakoening Moekmin Sadjati.." [Wewaler KRT. Hasan Midaryo,1999]
Senin, 02 Agustus 2010
Wasiat Agung Eyang Putri RA. Siti Dariyah Ing Kalasan
Jolali Sholat..
Jolali netebi wajib marang Sing Moho Kuwasa, Gusti Allah..
Simbah gadhang-gadhang..
Anak keturunanku kabeh dadhi Mukmin Sejati
Selamet lahir bathin dunyo akherat sak kabehe..
Yen podho kangen karo Simbah
Podho Sholat tho..
Ya Putu-putuku kabeh..
Jolali Sholat..
Jolali netebi wajib marang Sing Moho Kuwasa, Gusti Allah..
Simbah gadhang-gadhang..
Anak keturunanku kabeh dadhi Mukmin Sejati
Selamet lahir bathin dunyo akherat sak kabehe..
Yen podho kangen karo Simbah
Podho Sholat tho..
Ya Putu-putuku kabeh..
Sholat kuwi wasiyate Kanjeng Rasulullah
Agemane para Simbah Buyut
Pusakane poro Waline Gusti Allah
Pepadhang urip samengko ning ngalam kubur..
Mulane, jolali Sholat yaa Putu-putuku kabeh..
Simbah gur bisa mbantu ngirim donga saben dinane
Kabeh leluhur Simbah sebut jenenge
Kabeh anak putu Simbah sebut jenenge
Iki wasiyate Simbah
Jolali Sholat..
Ya Putu-putuku..
[Wasiat Eyang Putri RA. Siti Dariyah saat di pembaringannya di Ndalem Kalasan]
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar